Get Gifs at CodemySpace.com

♛ ♛ ♛ Attention ♛ ♛ ♛

Jangan Copy paste !!! jika Copy paste postingan di blog ini....tolong sertakan alamat blog ini..... Izumi Ismiracle World http://mylittleworld-ismi.blogspot.com/ Kamsahamnida ^^ Saling hargai....sesama blogger.....^^

Do not copy and paste!
Copy and paste if the posting on this blog ....
please include the address of this blog .....
Izumi Ismiracle World
http://mylittleworld-ismi.blogspot.com/
Kamsahamnida ^ ^
Mutual respect .... fellow bloggers ..... ^ ^

Selasa, Februari 21, 2012

contoh Panyandra Kirab Kasatriyan

Panyandra Kirab Kasatriyan

Wus tinarbuka wiwaraning sasana busana, kumenyar asung prabawa, kentar-kentar angambar kongas gandanira marbuk arum awangi, sumirat-sirat teja maya-maya. Saya dangu saya milangoni, saya celak saya angranuhi. Sanyata tejane sang pinangantyan, mijil saking wisma wiwaha.
Wus lukar busana katong angrasuk busana satriya, sangsaya ngenguwung prabane, sang saya mencorong guwayane, sangsaya manteb panggalihe, cinandra kadi Bagus Danang Sutawijaya atmajanira Ki Gedhe Pamanahan, akekanthen asta kalayan Rara Dewi Semangkin Atmajanira Sri Sultan Drawa ing Kalinyamat, lagya angenggar-enggar driya ameng-ameng aneng udyana, mriksani panjrahing sari puspita, ingkang nendheng mangudhar wewangi.
Sang senopati kembar kadi Sang Suwandageni atmajane Ki Demang Sangkalputung kalawan Sang Agung Sadayu, yoganira Ki Sadewa, kekalihipun tus wijil saking tlatah jatinom.
Kang Apindha Putri astha sata anglur selur dalidir kadya putri boyongan saking wewengkon Predikan ing Toyabiru.
Sadaya berawa sarta mempen ing puja puji santi astute santi, basuki kang kaudi, lestari kang kaesthi.

1 komentar:

  1. terimakasih blog anda bisa membantu saya menyelesaikan tugas sekolah saya

    BalasHapus